Exness

Senin, 06 Maret 2017

Kumpulan Undangan Pernikahan Bahasa Jawa

Mungkin kawan-kawan ada tugas mengenai undangan pernikahan bahasa jawa atau mau buat undangan sendiri hehehe...silahkan di copy, jangan lupa komentarnya ya...oke... :D



Nambut Silaning Akrami
Ari Yogo Prasetya, S.Pd.
Putra Bpk. Mardoko, S.Pd. / Ibu Purwati
Tempuran, Balecatur, Jember
Kaliyan
Nanik Dwi Handayani, Amd.Keb.
Putri Bpk. Saiful / Ibu Sumini
Ngampelrejo, Tegalrejo, Jember
Ingkang sampun nindakaken syariat agami Allah, serta tuntunaning Rasullah, kanti dhaup suci
dinten Jumat, 9 April2014, wanci tabuh : 08.00, wonten ing Masjid Darus Sholihin Ngampelrejo
Kencong, April 2014
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Winantu sagunging pakurmatan, kanthi lumaraping nawala sedhahan,
minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan,
sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal,
kula sebrayat hangadhahi pangangkah badhe ngawontenaken syukuran
tuwin pawiwahan dhauping sri penganten anak kula,
Dinten : Rabu
Surya Kaping : 14 April 2014
Wanci Tabuh : 11.00 – 14.00 WIB
Mapan ing : Dusun Tempuran, Balecatur, Kencong
Setuhu badhe damel bombong saha mongkoging manah kula sebrayat,
bilih dhangan ing penggalih saha sepen ing sambekala Bapak/Ibu
kepareng rawuh hangestreni saha paring puja pangastuti
dhumateng anak kula sri penganten, supados dados kaluwarga ingkang bagya mulya.
Wasana kula sagotrah hangaturaken agunging panuwun
saha nyuwun lubering pangaksami sadaya kekirangan dalah kalepatan kula.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Atur Taklim Kula
Bpk. Mardoko, S.Pd.
Ibu Purwati
Ari & Nanik





Pacitan, __ September 2010

Katur dhumateng Bpk./Ibu/Sdr. SUMARNO wonten ing Dusun Jethak, Pringkuku, PACITAN
Bismillahirohmaanirrohim
Assalaamu 'alaikum Wr. Wb.
Kairing Sagunging Pakurmatan.
Nuwun. Sesarengan kalian serat menika kula nyaosi pirsa, mugi Gusti Allah SWT tansah hangganjar kawilujengan ing samudayanipun. Kula badhe hanggadhahi khajat hangemah-emahaken yoga kula estri ingkang nami, PUTRI INDRASWARI DEVIE badhe kadhaupaken kaliyan nak mas ANGGER DANANG WISNU DARPITO putra kakungipun Bapak SUWADJININGRAT saking Nyamplung, Ambar Ketawang, Gamping, Sleman, NGAYOGYAKARTA.

Menggah ijab kabulipun badhe kaangkah ing,

Dinten
                        : Minggu Kliwon
Surya kaping
   : 19 September 2010
Wanci
             : tabuh 09:00 wekdal iring kilen.
Panggenan
      : Masjid Besar Al-Akbar Kabupaten PACITAN

Ingkang menika, menawi sepen ing sedaya reribetan saha dhangan ing penggalih, keparenga kula ngaturi rawuh panjenengan sekaliyan ing pahargyan dhauping pinanganten mbenjang,

Dinten : Minggu Kliwon
Surya kaping : 19 September 2010
Wanci : tabuh 11:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun
Panggenan : Gedung Graha Bhayangkara Kabupaten PACITAN
Saperlu hangestreni saha paring donga pangestu
dhumateng pinanganten kekalih sumrambah ing sedayanipun.





Mekaten atur kula, awit rawuh saha paring donga pangestunipun Bapak Ibu sekaliyan, kula ngaturaken agunging panuwun.
Matur nuwun.
Wassalaamu 'alaikum Wr. Wb.

Atur taklim kula,

ttd

Bpk. SUDARMADJI sakluarga.






Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Kairing Sagunging Pakurmatan.
Sesarengan kalian serat menika kula nyaosi pirsa, mugi Gusti Allah SWT
Tansah hangganjar kawilujengan ing samudayanipun
Kulo badhe hanggadhahi khajat hangemah-emahaken yoga kulo estri ingkang name,
Dwi
Putri Bapak Kasani & Ibu Suminten
&
Kurniawan
Putra Bapak Sholeh & Ibu Kasiati
Ingkang menika, menawi sepen ing sedaya reribetan saha dhangan ing penggalih,
Keprenga kulo ngaturi rawuh panjenengan sekaliyan
Ing pahargyan dhauping pinangenten mbenjang :

Dinen              : Kamis Legi Malam Jumat Kliwon
Surya kaping   : 12 Februari 2016
Panggenan       : Gedung Wanita - Nganjuk

Saperlu hangestreni saa paring donga pangestu
Dhumateng pinaganten kekalih sumrambah ing sedayanipun.
Mekaten atur kula, awit rawuh saha paring dinga pangestunipun Bapak Ibu sekaliyan, kulo ngaturaken aguningin panuwun. Matur nuwun
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Atur taklim kula,
Kel. Bapak Kasani                             Kel. Bapak Sholeh
Dwi & Kurniawan


Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Leshy
Putra Ibu Tukiyem & Bapak Tukimen
Sumbermuneng - Joho
Dhaup kaliyan
Shyle
Putri Ibu Yatinem & Bapak Yahroni
Dadapan - Pacekulon

Dhaup Suci
Dinten : Rabu
Suryo Kaping: 02 Desember 2016
Wanci Jam: 09.00 WIB
Wonten Ing: Ds. Joho, Kec. Pace - Nganjuk

Nuwun kanthi lumantaring sih agunging Gust ingkang Maha Agung Sinurung saha hanetepi reh darmaning sutresno keparengo kula kanthi andhap asor nyuwun sih karawuhan panjenengan sekaliyan benjing :
Dinten: Rabu Malam Kamis
Suryo Kaping: 02 Desember 2016
Wanci Jam: Sewaktu - waktu
Wonten ing: Gedung Balai Desa Joho Kec. Pace – Nganjuk

Saperlu kasuwun paring donga pangestu wilujeng dumatheng
anak kula temanten kekalih, sumrambah ing sedayanipun.
Wasana awit saking kaparenga rawuh panjenengan
sekaliyan kula ngaturaken agunging panuwun

Atur  Taklim kula
Kel. Bp. Tukimen                                          Kel. Bp. Yahroni
Leshy & Shyle

Tidak ada komentar:

Posting Komentar